Dening : Yoni Ahmad
Jawa...
Wis tak goleki awakmu saben sakparak-parak
Kawit jaman majapahit nganti jaman sarwa pahit
Tak wolak-walik apa sing ana neng kiwa tengen
Ora bisa nemu kahanan awakmu,
saya kowe tak goleki sansaya awakmu ngilang
tenan lan estu aku pengen bisa cerak karo awakmu
nanging kenging menapa awakmu tega ninggal aku,
aku kang tansah nunggu tekamu,
kang kelara-lara niba tangi golek kahananmu
ora...
aku ora pengen kilangan awakmu,
aja...
aku njaluk kowe aja lunga
aku bakal ngelakoni apa wae supaya kowe ora ninggal aku
aku bakal dadi sing kaluwih apuk
supaya bisa ngrumati awakmu
supaya bisa njaga awakmu,
aku pengen kowe bisa balik kaya biyen
nalika jenemu kasebar ana ing jagad,
lan sesandingan kanthi tentrem raharja,
jawa, saestu aku tresna marang awakmu
Thursday, 15 April 2010
Author: Khalil Gibran
Etiam at libero iaculis, mollis justo non, blandit augue. Vestibulum sit amet sodales est, a lacinia ex. Suspendisse vel enim sagittis, volutpat sem eget, condimentum sem.
RELATED STORIES
Petruk Dadi RatuSemarang, 21 Juni 2009Dening : Iam Petruk dadi Ra
PANJALUKE IBUDening : Yoni AhmadLe, anakku sing paling bagusAj
KANGGO SING RUMANGSADening Yoni AhmadSemarang, 13 Desember 2006Ana wo
Geguritan Tahun 40-an Lanjutan GEGAMBARANDening : Subagjo Ilham N. Cahya pa
BANYU GENIDening : Yoni AhmadSuwaramu kaya dene laras sinen
RAHWANA UCULDening : Yoni Ahmad !-- /* Font Definitions */
0 comments: