Thursday, 3 February 2011

SI BOCAH BAJANG


            Menawa dhewe teka neng objek wisata Dataran Tinggi Dieng, dhewe bakal nemoni bocah-bocah kang duwe rambut gimbal. Wong-wong nang tlatah kono njenengi bocah-bocah kang duwe rambut gimbal kuwi kanti aran “bocah Bajang”.

            Pratandhane bocah bajang wis bisa dideleng wiwit bayi umur 40 dina. Biasane si bocah awake panas banget. Wong-wong neng Dieng pracaya menawa bocah-bocah bajang kuwi bocah kesayangane roh-roh ghaib kang nunggoni Dataran Tinggi Dieng kang dititipke Nyai Roro Kidul. Dadine menawa wis tekan wektune, bocah-bocah kuwi bakal disuwun dening Nyai Roro Kidul. Amarga kuwi, si bocah bajang mesthi diayomi kanthi premati banget. Apa wae kang disuwun bocah bajang mesthi dikabulake. Menawa ora, wong tuwane pracaya bakal nemu piweleh lan alangan kang gedhe. Amarga kuwi kanggo wong tuwa kang duwe bocah bajang, wektu bocahe umur 6 taun kudu nganakake ruwatan kanggo nyukur rambut gimbale minangka pratandha masa titipan bocah saka Sang Ratu wis dipungkasani utawa rampung wektu kuwi uga.
Mitos liyane nyebutake, jare si bocah bajang kang wis ana wiwit atusan taun biyen iki yakuwi titisane Kyai Kaladhete, manungsa kang pisanan mbukak Daerah Dieng. Kyai Kaladhete tau nggawe sumpah ora bakal siram lan nyukur rambute sakdurunge desa kang nembe wae dibukak kuwi durung makmur. Dadine menawa sakwise kuwi ana bocah putune kang duwe rambut gimbal, kuwi pratandha menawa desane bakal reja. Amarga kuwi dibutuhake ritual khusus kanggo nyukur rambut gimbale supaya ora ana kedadean ala ing tembe buri.
            Dene prosesi ruwatan kang dipimpin langsung dening tokoh spiritual kuwi ana aturan kang wis gumathok lan kudu dilakoni supaya tekan puncak acara bisa diadohke saka gangguane jin lan setan. Dene aturan kuwi yaiku wajib nglakoni lakon spiritual menyang pirang-pirang panggonan kaya Tuk Bimo Lukar, kanggo nyuwun ijin marang Sang Bahurekso, Pangeran Bimo,  banjur menyang puncak Gunung Kendil. Kanggo ngaturake caos dhahar (persembahan) marangt roh leluhur Kiai Kaladete lan Nyai Larascinde banjur kang pungkasan menyang Pertapaan Mandalasari Gua Semar kanggo nglakoni semedhi. Isuke, prosesi ritual nyukur rambut diwiwiti nganggo pagelaran seni tradisional tari topeng, kang disuguhake kanggo nyenengake  para penguasa jagat mistik dedemit. Bar kuwi, si bocah kang diruwat dimunggahake nang dhokar kanggo diarak menyang Telaga Warna, diiringi barisan kang nggawa sesajen lan barang-barang kang disuwun si bocah bajang. Menawa kabeh wis cumawis, nembe rambut gimbal dicukur marang tetua desa banjur cukuran rambute digawa menyang Nyi Roro Kidul kanti  cara dilarung. Jarene, menawa panyuwune si bocah ora dikabulake dening wong tuwane, rambute bakal gimbal maneh.




SHARE THIS

Author:

Etiam at libero iaculis, mollis justo non, blandit augue. Vestibulum sit amet sodales est, a lacinia ex. Suspendisse vel enim sagittis, volutpat sem eget, condimentum sem.

0 comments: