Legenda jepara
Nalikaning RA.Kartini lair, Ramane isih dadi Wedono Mayong, ibune klairan saka desa Teluk Awur yaiku Mas Ajeng Ngasirah kang statuse Garwo Ampil. RMAA. Sosroningrat, ramane RA Kartini kawin nalika taun 1872 lan RA Kartini lair nalika taun 1879. Dheweke anak nomer lima saka RMAA Sosroningrat lan urutan kang kaping papat saka ibu kandung Mas Ajeng Ngasirah. Simbahe RA Kartini saka ibune yaiku salah sijine ulama gedhe nalika jaman semana, kang asmane Kyai Haji Madirono lan Hajah Siti Aminah.
Bojo kang nomer loro saka Ramane kang nduweni status garwo padmi yaiku anak bangsawan kang dinikahi nalika taun 1875 keturunan langsung saka bangsawan agung Madura yaiku Raden Ajeng Woeryan anak saka RAA Tjitrowikromo kang nduweni jabatan dadi Bupati Jepara sadurunge RMAA Sosroningrat. Perkawinan saka bojo loro – lorone mau nglairake keturunan kang cacahe ana 11 (sewelas) putra.
Hawa seger kang sapisanan dirasakake dening RA Kartini yaiku ing desa Mayong,22 km sadurunge mlebu jantung kutha Jepara. Neng desa Mayong mau RA Kartini dilairake dening ibu saka kalangan rakyat biasa kang didadekake garwo ampil dening Wedono Mayong RMAA Sosroningrat. Anak kang lair yaiku nduweni tetenger kayata; mripate bunder blalak – blalak suminar manjerake cahyo kang padhang, kaya – kaya ngadhep masa depan kang kebak tantangan. Dina tansah lumaku, RA Kartini gedhe ana ing tengahing ketentreman lan kesarasan, dheweke kepengin polah, mlayu mrana – mrene ora ana kang nglarang. Kang gawe atine seneng yo dilakokake. Amerga kebebasan lan kegesitane kuwi mau dheweke dijenengake “TRINIL “ dening ramane. Banjur taun 1880 lair RA Roekmini saka garwo padmi. Nalika taun 1881 RMAA Sosroningrat diangkat dadi Bupati Jepara lan dheweke sakeluarga pindah omah ana ing Rumah Dinas Kabupaten neng Jepara. Ing taun kang padha adhine lair, dijenengake RA Kardinah. Si Trinil seneng banget amerga saiki ana kancane dolanan. Lingkungan Pendopo Kabupaten kang amba tur megah kuwi tansaya menehi kasempatan tumrap kebebasan lan kegesitane saben – saben polahe RA Kartini.
Sipat kang sarwa pengin weruh tumrap apa wae dening RA Kartini kuwi kang ndadekake wong tuwane saya nggatekake perkembangan jiwane. Pancen kawit cilik RA Kartini kuwi bocah kang paling cerdas lan kebak inisiatif dibandingake karo sedulure wadon liyane. Jalaran sipat kepemimpinan RA Kartini kang apik, sahingga ora tau ana perselisihan ing antarane dheweke. Wong telu kuwi mau, yaiku RA Kartini, RA Roekmini lan RA Kardinah diarani “TIGA SERANGKAI” sanajan RA Kartini rada diistimewakake saka liyane.
Nalika RA Kartini mulai sekolah ing “Europese Lagere School” dheweke seneng banget amerga sipat kang diduweni lan kepinterane kang luwih kuwi mau ndadekake yen dheweke cepet lan gampang disenengi dening kanca – kancane. Klawan kecerdasan otake kanti gampang bisa nyaingi anak – anak Belanda. Ing basa Belanda uga RA Kartini bisa diandalake. Nalika preinan kang sepisanan nyedaki unggah – unggahan kelas, Ny.Ovink Soer lan bojone ngajak RA Kartini uga adhi – adhine, Roekmini lan Kardinah mlaku – mlaku ing pante Bandengan, kira – kira 7 km saklore kutha Jepara, yaiku salah sijine pante kang endah klawan wedhi putih kang sarwa nengsemake, tumrap kang digambarake lewat surat – surate marang kanca – kancane yaiku Stella ing Negara Belanda. Kartini lan adhi – adhine ngetutake Ny.Ovink nggolek karang karo playon entho – enthonan ngadohi ombak, RA Kartini takon marang Ny.Ovink apa jenenge pante kuwi mau, banjur dijawab singkat dening Ny.Ovink yen pante kuwi mau jenenge Pante Bandengan. Banjur Soer kandha yen neng Holland uga ana salah sijine pante kang meh padha karo pante Bandengan, jenenge “Klein Scheveningen”. Ora njarak RA Kartini nyela…..”Yen ngono, jenenge pante Bandengan iki dijenengi kanti aran Klein Scheveningen wae”. Ana ing pante kuwi RA Kartini lan Mr Abendanon nganakake rembugan “empat mata” kang ana kaitane karo panjaluke supaya diijinake sekolah neng negeri Belanda, sanajan akhire secara resmi panjaluke marang pemerintah Hindia Belanda ditarik maneh lan biaya kang wus dicawisake kanggo RA Kartini diwenehake dening salah sijine pemuda saka Sumatera, yaiku Agus Salim (KH.Agus Salim).
Pirang – pirang taun sawuse ngrampungake pendhidhikan ing Europese Lagere School, RA Kartini nduweni kekarepan kepengin nutukake pendidikan ing tingkatan kang luwih dhuwur, nanging ananing rasa mamang, ragu ing atine RA Kartini amerga ananing peraturan adat kanggone kaum ningrat yen wanita kaya dheweke kudu nglakoni pingitan.
Pencen wus wayahe RA Kartini nglakoni mangsa pingitan amerga umure wus 12 taun luwih. Kabeh mau kanggo keprihatinan lan kapatuhan marang tradisi dheweke, kudu pisah saka kahanan njaba lan kakurung dening tembok Kaputren.. Ruang pingitan kang digunakake mingit RA Kartini yaiku kamar kang ukurane 3x4 meter. Artine di pingit yaiku mbatesi ruang gerak salah sijine anak wadon kang ngidak dewasa, kanti ora dientuki metu saka ngomah kanti tujuan ngenteni lamaran saka wong kang ora dikenal dening dheweke mau. RA Kartini dipingit klawan wates ngarep ana rono lan mburi ana tembok kang dhuwur banget lan dijaga dening para punggawa.
Kanti semangat lan ora kenal putus asa RA Kartini nambah kawruhane tanpa sekolah amerga dheweke sadar yen karo ngalamun lan nangis ora bakal ana asile, “Kapan aku bisa pinter?”. Banjur siji – sijine dalan kanggo ngentekake wektu yaiku kudu tekun, tlaten maca buku apa wae kang diduweni saka kakange lan ramane.
Dheweke uga tau ngajukake lamaran kanggo sekolah klawan beasiswa neng Belandha lan diijinake dening Pemerintah Hindia Belanda, nanging klawan akehe pertimbangan banjur beasiswa mau diserahake dening bocah liyane kang akhire jenenge dadi kasuwur yaiku H. Agus Salim.
Sanajan Kartini ora duwe kesempatan nutukake sekolah, nanging Kartini rampung nuntun remaja putri priyayi, bumi putra ning serambi Pendopo mburi Kabupaten. Nalika semana wis dikenalake istilah Kriya ing pelajarane. RA. Kartini wus ngrampungake lukisan karo cat minyak nanging murid-murid sekolah isih nggarap, garapane tangane dhewe-dhewe, ana sing njahit lan ana sing nggawe pola utawa wujud-wujud dasar nggawe sandhangan
Ananing Bupati RMAA Sosroningrat lan Raden Ayu lagi nrima tamu yaiku utusan kang nggawa surat lamaran saka Bupati Rembang Adhipati Joyodiningrat kang wus dikenal dadi Bupati kang nduweni pandangan maju lan modern. Tanggal 12 Nopember 1903 RA. Kartini banjur nglangsungake pernikahane karo Bupati Rembang kuwi mau kanti sederhana apa anane.***
Nalika kandungane RA Kartini wus umur 7 sasi, RA Kartini rumangsa kangen kang banget jerone dening ibune uga kutha kelairane yaiku kutha Jepara kang nduweni kenangan selawase urip awit lair nganti arep nduwe bojo. Bojone uga wis nyoba nglipur atine supaya seneng klawan swara-swara gamelan lan tembang-tembang kang dadi kasenengane nanging kabeh mau gawe dheweke lesu.
Nalika tanggal 13 September 1904 RA Kartini nglairake bayi lanang kang dijenengake Singgih/ RM Soesalit. Nanging kahanane RA Kartini tansah payah, ora nduweni daya maneh sanajan wis nglakoni perawatan khusus, sahingga akhire nalika tanggal 17 September 1904 RA Kartini unjal ambegan kang terakhir nalika umure 25 taun.***
SILSILAH KELUARGA RA KARTINI
Prabu Brawijaya (Raja Majapahit)
Lembu Niryoso (Panembahan Bromo)
Menak Simbar (Adipati Puger)
Menak Simende (Adipati Blambangan)
Menak Gendru (Adipati Babadan)
Menak Werdati Lumajang Tengah (Adipati Toposono)
Menak Lumpat Blambangan (Sinuhun Rebut Payung)
Menak Kedawung Blambangan (Sinuhun Wawalangan)
Lanang Dengiran (Kyai Brondong)
Pangeran Onggowijoyo
Tumenggung Tjondronegoro I (Bupati Surabaya)
Adipati Ario Tjondronegoro II (Bupati Pati)
Adipati Ario Tjondronegoro III (Bupati Kudus)
Pangeran Ario Tjondronegoro IV (Bupati Demak)
Garwo Padmi RA Woeryan → RMAA Sosroningrat (Bupati Jepara) ← Garwo Ampil MA Ngasirah
Garwo Padmi dengan RMAA Sosroningrat melahirkan putra :
- RA Sulastri Tjokrohadisosro Selasa Kliwon, 9 Januari 1877
- RA Roekmini Santoso Ahad Paing, 4 Juli 1880
- RA Kartinah Dirjoprawiro Ahad Legi, 3 Juni 1883
Garwo Ampil dengan RMAA Sosroningrat melahirkan putra :
- RM Slamet Sosroningrat Ahad Legi, 15 Juni 1873
- Pangeran Ario Sosrobusono Senin Legi, 11 Mei 1877
- RM Panji Sosrokatono Rabu Paing, 10 April 1878
- RA Kartini Djoyogadiningrat Senin Paing, 21 April 1879
- RA Kardinah Reksonegoro Selasa Paing, 1 Maret 1881
- RM Sosromulyono Ahad Wage, 26 Desember 1885
- RA Sumantri Sosrohadikusumo Ahad Wage, 11 Maret 1888
RM Sosrorawito Senin Kliwon, 16 Oktober 1892
0 comments: